BILQIS
FIRIYA NABILA 13/9E
Assalamu’alaikum wr. wb.
Ingkang dhahat
kinurmatan para perangkat Desa Tirtomoyo
Ingkang kula hormati
para pinisepuh ing Desa Tirtomoyo, Bapak/Ibu tokoh masyarakat desa Tirtomoyo
lan mboten kasupen para
mudha mudhi lan sedaya warga Desa Tirtomoyo.
Puji
syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan
hidayah saengga kita sedaya saged makempal ing papan panggenan menika kanti
sehat wal afiat. Sholawat lan salam katur dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW
ingkang sampun beta kita saking zaman jahiliyah kanthi zaman islamiyah.
Bapak/Ibu
warga Desa Tirtomoyo ingkang kula hormati,
Kula
minangka Kepala Desa Tirtomoyo ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng sedaya warga desa Tirtomoyo.
Ingkang sampun paring sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kemawon, ngantos
awujud taman ing ngajengipun masjid celak gapura ngriki saengga kita bisa migunakaken
taman kangge dipundhut manfaate.
Perlu
dikawruhi, taman ngriki dibangun ing lebet program nandur wit-witan ingkang
woh. Tujuan dibangunaken taman ing ngajengipun masjid ngriki supados katon rapi,
resik, lan endah dipriksani amarga Desa Tirtomoyo ngriki margi alternatif,
perbatasan antarane Kabupaten Malang lan Kota Malang. Griyanipun Bapak Rendra
Kresna selaku Bupati Kabupaten Malang inggih ten Tirtomoyo ngriki. Dados kesan
dugi pengendara ingkang lalu lalang ten margi gapura ngriki mriksani taman
toga, taman kembang, lan wonten wit-witan pelem, nangka, manecu ingkang resik,
rapi, lan endah dipriksani. Saliyanipun, taman punika uga kangge numbuhaken
raos kapedulian masyarakat damel njagi karesikan lingkungan sakitaripun, mangko
keadaan sekitaripun griya-griya panjenengan tentrem, adhem ayem.
Para
rawuh ingkang kula hormati,
Kula
lan perangkat desa badhe nggalakaken program nandur wit-witan ingkang woh di pot
ageng utawi bekas tong minyak ing ngajengipun griya panjenengan piyambak utawi
ing pakarangan ing wingking lan nandur tanduran obat-obatan (toga) ing polybag.
Tujuan saka progam puniku supados nggriyanipun panjenengan rindang amargi wit
ingkang panjenengan tandur piyambak, lan wohipun saged panjenengan pundhut
damel ditedha kaliyan anggota keluarga. Woh ingkang panjenegan pundhut punika
terjamin amargi nandur piyambak, gizi dugi wohe mboten kirang, bebas pestisida,
mboten wonten lilin pelapis ing kulit wohe kayata woh-wohan import ingkang
dipundhut dugi supermarket. Tanduran obat-obatan (toga) kayata kunir, kencur,
jahe, suruh, jeruk nipis, lidah buaya, godhong sere, lsp. Saged didamel jamu
piyambak ing griya. Manfaat nandur toga punika
dados obat pengganti obat modern, jamu alami, bebas pengawet, lan
praktis.
Kula
lan perangkat desa badhe nyediakaken bibit wit pelem, jambu abang, manecu, jeruk,
kates. Wonten bibit kunir, kencur, jahe, temulawak, kunyit putih. Kula badhe
nugasaken Bapak RT/RW damel mbagikaken bibit-bibitnipun dhateng griyanipun
panjenengan piyambak-piyambak. Mangko panjenengan saged milih bibit pundi
ingkang panjenengan badhe tandur.
Mugi-mugi
dugi para warga ten Desa Tirtomoyo
ngriki nandur tanduran piyambak lan njagi karesikan lingkungan sekitar supados saged
dicontoh dening desa-desa liyanipun. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu
nipun atur kula. Saking kawigantosipun, kula ngaturaken matur sembah nuwun.
Wassalamu’alaikum
wr. wb.
Nb : Karya sendiri
Tema : Lingkungan Hidup
Tema : Lingkungan Hidup
Tidak ada komentar:
Posting Komentar