Rabu, 15 Februari 2017

GEGURITAN BASA JAWA TEMA KARTINI

Nawala Kanggo Raden Ajeng Kartini
Dening : Bilqis Firiya Nabila

Ibu...
Asmamu cintahet nandhes ing lemabaraning sejarah bangsa iki
Asma kang prasaja
Nanging bisa gawe mongkoging para wanita
Semangat kang makantar-kantar nalika semana
Kuwawa ambrasta wuta ksara
Budidaya kang tanpa kendhat
Kasil gawe sejajare priya lan wanita

Ibu...
Upama aku kuwawa nggugah anggonmu sare
Sayekti aku kepingin nyuwun pirsa
Ngenani impenmu nalika mudha
Ngenani  piwulang kang tansah nengenake kamulyaning para wanita
Ngenai tekadmu kanggo ngangkat drajade wanita
Bakal dakcritakake marang anak putu
Menawa biyen nate mijil ing kagad nuswantara
Pahlawan wanita kang banget prasaja
kang kasil ngangkat drajade wanita
Nanging ibu...
Kahanan saiki wis rada owah saka impenmu
Wanita pancen bisa sejajar karo priya
Nanging wanita sok salah ngartekake
Isih ana sing laku cidra, lali purwa duksina
Martabat lan karakter wanita sok musna
Cinaplok nafsu angkara

Ibu...
Pungkasane guritan iki
Aku mung bisa caos atur
Kapenakna anggonmu sare
Umure jagad iki
Mbok menawa wis ora suwe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar